tak pikir2, seko awit cilik , wektu mangan wedang bayi (susu ibu), tekan saiki, segala kabeh panganan meh wes mampir nang wetengku, lan tak tok ke maneh (ngising). seko warung sik regane 1500 perak per piring,rendang padang, iwak louhan, iwak hiu, iwak sambel colo colo, iwak ayam, kewan sikile papat, iwak sikile telu, iwak semut, iwak ula, iwak penyu,iwak iwakan, tekan panganan sik ra patut di pangan. tapi apa bae sik di pangan ben enak iku mung siji syarate, yoiku wetenge ngelih. apa maning nek wes telung dina ora mambu upa (butir nasi).jiannn..weteng ngelih ra karuan, sego ditutul uyah bae rasane tetep nylekamit tenan.. apa maning tempe goreng bawang uyah, di pangan karo sego anget, di tambahi sambel bawang....halaaahh, angel di critakke pokokke...nylekamit tenan kang.
ngemeng ngemeng tempe goreng, jian..kelingan "tempe kemul"...(wis rasah di bahas maneh ttg pertempean, wis pada ngarti kabeh mbok..)
jian..ndrodog nek nulis tempe, iso mimisan nek kesuan
0 comments:
Post a Comment