Pages

Wednesday, February 9, 2011

Sasangka Jati

Aja sira age-age nandangi pakaryan gede, utawa ngarep-arep tekane pakaryan gede, amarga pakaryan gede iku arang tekane, kang kerep sira sandung iku pakaryan kang cilik-cilik. Sira aja ngeremehake marang pakaryan kang cilik-cilik iku, sabab yen sira durung kulina nandangi pakaryan gampang, kapriye anggonira bakal nandangi pakaryan kang angel. Mulane samubarang kang tinemu ing tanganira, lakonana kalawan temen-temen ing ati suci, atasna awit Karsaning Gusti, amarga ora ana pakaryan ing donya iki kang ora atas Karsaning Pangeran, nadyan kang katone remeh pisan (Sasangka Jati)


0 comments:

Post a Comment